Selasa, 14 Januari 2014

Unggah-ungguh basa



1.      Basa ngoko lugu
Wujude : tembunge ngoko kabeh ora ana kramane
Pangginane :
Ø  menyang sepadha-padha kang wis kulina banget.
Ø  menyang sing kaprenah enom.
Ø  yen lagi ngumandika.
Ø  tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
Tuladha : kowe mau mangkat sekolah numpak apa?
2.      Basa ngoko alus
Wujude : tembunge ngoko kecampuran krama inggil
Panggonane :
Ø  Sedulur tuwa marang sedulur enom luwih dhuwur derajade.
Ø  Garwane priyayi sing kakung.
Ø  Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan.
Tuladha :
·      Dhik, sliramu mengko nek kondhor arep nitih apa?
·      Aku mau ngundhuh pelem akeh, panjenengan napa kersa dakaturi?

3.      Basa krama lugu
Wujude : tembunge madya (ater-ater lan panambange krama)
Panggonane :
Ø  Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajade lan ngajeni.
Ø  Garwane priyayi marang sing kakung.
Ø  Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cedhak drajade.

Tuladha :

·      Sampeyan niku manawi kseah ing kantor nopo taksih kiyat mbekto sepeda motor mas?
4.      Basa krama alus
Wujude : tembung krama (ater-ater lam panambange krama)
                Krama inggil (tumrap wong sing dijak guneman)
Panggonane :
Ø  Wong enom marang wong tuwa
Ø  Batur marang bendarane
Ø  Murid marang gurune
Ø  Andhahan marang pimpinane
Ø  Kanca marang kanca sing durung kulina

Tuladha :
·         Layangipun sampun kula aturaken dhateng bapak.
·         Bapak ngendika dateng kula menawa sliranipun nembe gerah.

Makna tembang lir-ilir



Lir- ilir

Lir-ilir, lir-ilir
(saka tembung nglilir)
Tandure wus sumilir
(sing dimaksud tanduran adalah agama)
Tak ijo royo-royo
(ijo royo-royo yaiku lambang NU/islam)
Tak senggoh temanten anyar
(setiap orang merasa seneng)
Cah angon, cah angon
(makna cah angon yakui pemimpin)
Penekna belimbing kuwi
(maksude blimbing yaiku rukun islam sing ana 5)
Lunyu-lunyu penekna
(angel dilakoni tetep lakonana)
Kanggo basuh dodod ira
(kanggo ngresiki ati ira)
Dodod ira, dodod ira
(klambi sing di enggo para raja)
Kumitir bedha ing pinggir
(rusak gara-gara ajaran liya)
Dondomana, jlumatana
(jahit lan benakna)
Kanggo seba mengko sore
(untuk bekal besok di akhirat)
Mumpung padhang rembulane
(mumpung iseh ana wektu)
Mumpung jembar kalangane
(mumpung iseh ana panggonane)
Ya sorak’a, sorak “hiyoo”
(yen awakmu ngelakoni kabeh mangka manungsa dadi merdeka)

tuladha cerita rakyat



DAMPO  AWANG
            Dhek  abab 15 Masehi  ing Pulo Madurasa ana sawenehing krajan kang kondhang aran krajan Buwana Keling. Krajan ing Pulo Madurasa iki kalebu krajan kang madireng pribadi kebak kawibawan. Krajan sakupenge kono ora ana kang munasika katentremane Krajan Buwana Keling. Kepara krajan sanjabane Pulo Madurasa iya ora ana kang wani-wani nyanyah nyunyah nyenyamah marang Krajan Buwana Keling.
Apa sebabe dene Krajan Buwana Keling ing Pulo Madurasa iku kalokengrat ayem tentrem ora ana mungsuh kang wani njamahake kawibawane ? Awit kang jumeneng raja ing Krajan Buwana Keling iku sawijire pawongan kang digdaya jayeng palugon. Sang anata ing Krajan Buwana Keling iku kaya dewa mangejawantah, nganggo gelang oyod mimang, kadang jawata lan dibala hapsara. Raja Krajan Buwana Keling iku asmane Sang Prabu Bermanamadu.
Kaya wis dadi kondrating alam, saweneh pawongan kang minulya duwe kaluwihan bandha donya. Umume para kulawarga lan keturunane banjur duwe watak kurang prayoga. Duwe watak adigang adigung adiguna. Watak ngendelake gedhene pangwasane, ngendelake ketrampilane, lan ngendelake kapinterane.
Semono uga Sang Prabu Bermanamadu kang kadigdayane prasasat ngluwihi dewa linuwih iku, putrane uga duwe  watak longor sesongaran. Dupeh putrane raja kawasa digdaya tanpa tandhing kuwi, banjur rumangsa duwe drajat luwih unggul satemah mbergudul.
Sang pangeran iki temen-temen diuja lan diugung dene Sang Prabu Bermanamadu. Apa sapanjaluke kabeh dituruti wae. Mulane Sang Pangeran iki seneng banget nyuwun barang saweneh kang aneh-aneh. Ing kalamangsa Sang Pangeran nyuwun dhestar kang duwe daya kasiyat kena kanggo tetumpakan ing awang-awang. Senajan panjaluk kuwi nglengkara banget nanging Sang Prabu Bermanamadu ngudi bisane nyukupi apa kang disuwun dening Pangeran Pati Krajan Buwana Keling iku.
Sang Prabu Bermanamadu iki kalebu manungsa unusaning janma, kena diarani lagi winongwong ing jawata, mula panyuwune putrane kang aneh lan langka iku diangep lumrah wae. Apa maneh ibarat lelaku ing tengah wengi, anak iku ;kaya rembualan kang dadi cecolok madhangi petenge wengi.
Kanggo nuruti panyuwune Pangeran Pati kuwi Sang Prabu Bermanamadu kanggo sauntara wektu banjur ninggalake Krajan Buwana Keling saperlu teteki mahashasepi ing lengkehing Gunung Ijo iku wis oleh sawatara wulan. Ing tengah wengi kang peteng rada remeng-remeng karana mung disoroti lintang dlemok cung iku, dumadakan ana kaki-kaki ngrawuhi Sang Prabu Bermanamadu. Rawuhe paraga saktiku ngagetake ati.
“Ehhh-ehhh-ehhh ! Angger Prabu Bermanamadu, kejot penggalihmu ?
“Engngng …enggih Eyang, kawula kaget sanget, Andika sinten nun ?”
“Jeneng lan julukan pangaran-aran iku kanggo ora wigati. Kang luwih wigati iku nyumurupi apa panujumu teka-teki ana kene ?”
“Dhuh Eyang ingkang tuhu nyalawadi, tamtunipun Andika pana ?”
“”Lha  yen Eyang wus pana, kanggo apa ndadak takon sliramu ?”
“Waleh-waleh punapa Eyang, inggih karana godhanipun yoga ?”
“Putramu godha ? Kang sira karepake godha iku sing kepiye ?”
“Eyang ingkang tuhu winadi. Tuhunipun buyut Andika punika nyuwun dhestar ingkang saged dados wahana mabur wonten ngawiyat”
Eyang winadi iku banjur maringi udheng marang Sang Prabu Bermanamadu. Sakwise nguncali udheng kuwi kaki-kai aneh iku paring piweling telung warna. Sepisan,  kang kaparingan pusaka udheng wulung iku Sang Prabu Bermanamadu, awit kang lelaku teteki iya Sang Prabu  Bermanamadu. Kapindho, udheng wulung iku aja kanggo longor sesorangan. Kaping telune, udheng wulung kang kena kanggo mbru iku duwe pengapesan yaiku yen adhep-adhepan karo saweneh jaran putih.
Saksise kasil bisa oleh udheng wulung kang kena kanggo mabur iku Sang Prabu Bermanamadu banjur gegancangan wae koindur menyang Krajan Buwana Keling. Ing saenehing dina udheng wulung iku diparingake marang putra pangeran pati. Bocah langan kang mrusal iku dina-ddina mung mbeber udheng wulung ditumpaki mabur dham-dhaman ing awang-awang. Mula putra Krajan Buwana Keling iku kalokengrat duwe julukan Sang Dhampo Awang.
Pangeran Pati Sang Dhampo Awang bareng kagungan pusaka sakti wujud udheng wulung kang kena kanggo mabur kuwi tingkahing bebudene tansaya ngewakake banget. Ngedir-ngedirake marang kasektene satemah dadi pawongan kang glelang-gleleng gembelengan banget.. Duwe watak deksura sapa ingsung sapa sira ngono iku. Watak wantune Dhampo Awang kang paling ala yaiku thukmis karem gawe dolanan bocah wadon tanpa ana tanggung jawab kang maton.
Bebarengan wektune kakro kahanan ing Krajan Buwana Keling kuwi, ing Krajan Majapahit Pulo Jawa uga ana lelakon aneh kang gawe gegere eong sapraja Majapahit kono. Nalika kuwi kang ngasta panguwasa ing Krajan Majapahit yaiku Sang Prabu Brawijaya ka V. Kang jejer minangka patih asmane. Gajah Mada. Nanging  kuwi dudu Patih Gajah Mada ing jamane Prabu Hayam Wuruk biyen. Anggone dijenengake Gajah Mada supaya Majapahit tetep wibawa kaya biyen.
Ing sawijine dina dumadakan tanpa kawruhan sebabe kuda klangenane Sang Prabu Brawijaya V kang aran Turangga Kuda Remeng iku ucul saka pagedhogane. Banjur tetegar ing alun-alun gawe rusake wewangunan ing alun-alun Majapahit kono. Gamel kang kajibah minangka sratine Turangga Kuda  Remeng iku ora bisa  nyekel Turangga Kuda Remeng kang katon mbrengangang lan galok iku.
Kahanan tansaya dadi kosek bareng para prajurit uga ora godag ngrangket Turangga Kuda Remeng kang tansaya rongeh bengah-bengeh tetegaran ing alun-alun Krajan Majapahit kuwi. Akeh para prajurit kang dadi kurbane. Turangga Kuda Remeng kasebut. Yen diematake temenan. Turangga  Kuda Remeng iku kaya kesetanan. Mripate mlereh abang pendirangan nggeririsi banget. Angele ngrangket Turangga Kuda Remeng iku ora mung sebab Kuda Remeng iku giras lan kesit wae. Naning kang luwih angel trap-trapene  yaiku dene ana wewaler saka sang nata, aja nganti tatu.
Nate ana prajurit papat kang gamben-gamben diutus nyekel Turangga Kuda Remeng iku. Prajurit papat ikut mapan ana catur loka. Tegese ana kang ana wetan, kidul, lor lan kulon. Jaran siji dikrubut prajurit papat. Turangga Kuda Remeng tansaya bringas ngempros ngos-ngosan. Prajurit kang maju nglimpe saka mburi ditampani
Nganggo slenthakan sikil loro mak keprok satemah glayaran tan mangga puliha. Prajurit kang saka ngarep digejoh lan dikrokot kupinge dadi metu getihe dleweran. Prajurit kang saka ngiringan uga ora kuwagang nyedhaki Kuda Remeng jalaran kuda giras iku minger cepet banget, nylenthak lan nyakot sakepenake wae. Prajurit papat iku ora wurung iya kasoran.
Sarehne para prajurit wis ora ana kang bisa mrantasi, mula dipasrahake tumenggung reksa khayawan. Saweneh tumenggung gagah prakosa iku uga mung dadi pengewan-ewanan. Pungkasane Sang Prabu Brawijaya V pasrah marang Patih Gajah Mada nyekel Turangga Kuda Remeng ing alun-alun iku dadi dadi warta kang narik kawigatene para kawula ing Praja Majapahit. Ngepasi dina cak-cakane Patih Gajah Mada ngrangket Turangga Kuda Remeng iku para kawula cilik padha nonton ing alun-alun. Iki tontonan gratis temenan.
Sadurunge ngayati nyekel Turangga Kuda Remeng iku Ki Patih Gajah Mada ndhongak mendhuwur komat-kamit maos mantra sakti. Sawise kuwi banjur nyedhaki Turangga Kuda Remeng. Jaran giras iku dadi lulut marang Ki Patih Gajah Mada banjur lon-lonan nyengklak ing gigire jaran. Turangga Kuda Remeng iku banjur mlayu lon-lonan ngedrap manis banget. Wong kang padha nonton surak keplok mbata rubuh. Nanging ora kanyana jaran giras iku nglumba nguncalake ki Patih nganti gumebruk tiba klumah ing lemah. Patih sepuh iku banjur digejoh, dislenthak  lan dikrokot nganti gubrah getih. Wong-wong sanalika padha cep klakep kamitenggengen anteng pindha reca…….
Panjebar Semangat – 44/2004