DAMPO AWANG
Dhek abab 15 Masehi ing Pulo Madurasa ana sawenehing krajan kang
kondhang aran krajan Buwana Keling. Krajan ing Pulo Madurasa iki kalebu krajan
kang madireng pribadi kebak kawibawan. Krajan sakupenge kono ora ana kang
munasika katentremane Krajan Buwana Keling. Kepara krajan sanjabane Pulo
Madurasa iya ora ana kang wani-wani nyanyah nyunyah nyenyamah marang Krajan
Buwana Keling.
Apa sebabe dene Krajan Buwana Keling ing Pulo Madurasa iku
kalokengrat ayem tentrem ora ana mungsuh kang wani njamahake kawibawane ? Awit
kang jumeneng raja ing Krajan Buwana Keling iku sawijire pawongan kang digdaya
jayeng palugon. Sang anata ing Krajan Buwana Keling iku kaya dewa
mangejawantah, nganggo gelang oyod mimang, kadang jawata lan dibala hapsara.
Raja Krajan Buwana Keling iku asmane Sang Prabu Bermanamadu.
Kaya wis dadi kondrating alam, saweneh pawongan kang minulya
duwe kaluwihan bandha donya. Umume para kulawarga lan keturunane banjur duwe
watak kurang prayoga. Duwe watak adigang adigung adiguna. Watak ngendelake
gedhene pangwasane, ngendelake ketrampilane, lan ngendelake kapinterane.
Semono uga Sang Prabu Bermanamadu kang kadigdayane prasasat
ngluwihi dewa linuwih iku, putrane uga duwe watak longor sesongaran.
Dupeh putrane raja kawasa digdaya tanpa tandhing kuwi, banjur rumangsa duwe
drajat luwih unggul satemah mbergudul.
Sang pangeran iki temen-temen diuja lan diugung dene Sang Prabu
Bermanamadu. Apa sapanjaluke kabeh dituruti wae. Mulane Sang Pangeran iki
seneng banget nyuwun barang saweneh kang aneh-aneh. Ing kalamangsa Sang
Pangeran nyuwun dhestar kang duwe daya kasiyat kena kanggo tetumpakan ing
awang-awang. Senajan panjaluk kuwi nglengkara banget nanging Sang Prabu
Bermanamadu ngudi bisane nyukupi apa kang disuwun dening Pangeran Pati Krajan
Buwana Keling iku.
Sang Prabu Bermanamadu iki kalebu manungsa unusaning janma, kena
diarani lagi winongwong ing jawata, mula panyuwune putrane kang aneh lan langka
iku diangep lumrah wae. Apa maneh ibarat lelaku ing tengah wengi, anak iku
;kaya rembualan kang dadi cecolok madhangi petenge wengi.
Kanggo nuruti panyuwune Pangeran Pati kuwi Sang Prabu
Bermanamadu kanggo sauntara wektu banjur ninggalake Krajan Buwana Keling
saperlu teteki mahashasepi ing lengkehing Gunung Ijo iku wis oleh sawatara
wulan. Ing tengah wengi kang peteng rada remeng-remeng karana mung disoroti
lintang dlemok cung iku, dumadakan ana kaki-kaki ngrawuhi Sang Prabu
Bermanamadu. Rawuhe paraga saktiku ngagetake ati.
“Ehhh-ehhh-ehhh ! Angger Prabu Bermanamadu, kejot penggalihmu ?
“Engngng …enggih Eyang, kawula kaget sanget, Andika sinten nun
?”
“Jeneng lan julukan pangaran-aran iku kanggo ora wigati. Kang
luwih wigati iku nyumurupi apa panujumu teka-teki ana kene ?”
“Dhuh Eyang ingkang tuhu nyalawadi, tamtunipun Andika pana ?”
“”Lha yen Eyang wus pana, kanggo apa ndadak takon sliramu
?”
“Waleh-waleh punapa Eyang, inggih karana godhanipun yoga ?”
“Putramu godha ? Kang sira karepake godha iku sing kepiye ?”
“Eyang ingkang tuhu winadi. Tuhunipun buyut Andika punika nyuwun
dhestar ingkang saged dados wahana mabur wonten ngawiyat”
Eyang winadi iku banjur maringi udheng marang Sang Prabu
Bermanamadu. Sakwise nguncali udheng kuwi kaki-kai aneh iku paring piweling
telung warna. Sepisan, kang kaparingan pusaka udheng wulung iku Sang
Prabu Bermanamadu, awit kang lelaku teteki iya Sang Prabu Bermanamadu.
Kapindho, udheng wulung iku aja kanggo longor sesorangan. Kaping telune, udheng
wulung kang kena kanggo mbru iku duwe pengapesan yaiku yen adhep-adhepan karo
saweneh jaran putih.
Saksise kasil bisa oleh udheng wulung kang kena kanggo mabur iku
Sang Prabu Bermanamadu banjur gegancangan wae koindur menyang Krajan Buwana
Keling. Ing saenehing dina udheng wulung iku diparingake marang putra pangeran
pati. Bocah langan kang mrusal iku dina-ddina mung mbeber udheng wulung ditumpaki
mabur dham-dhaman ing awang-awang. Mula putra Krajan Buwana Keling iku
kalokengrat duwe julukan Sang Dhampo Awang.
Pangeran Pati Sang Dhampo Awang bareng kagungan pusaka sakti
wujud udheng wulung kang kena kanggo mabur kuwi tingkahing bebudene tansaya
ngewakake banget. Ngedir-ngedirake marang kasektene satemah dadi pawongan kang
glelang-gleleng gembelengan banget.. Duwe watak deksura sapa ingsung sapa sira
ngono iku. Watak wantune Dhampo Awang kang paling ala yaiku thukmis karem gawe
dolanan bocah wadon tanpa ana tanggung jawab kang maton.
Bebarengan wektune kakro kahanan ing Krajan Buwana Keling kuwi,
ing Krajan Majapahit Pulo Jawa uga ana lelakon aneh kang gawe gegere eong
sapraja Majapahit kono. Nalika kuwi kang ngasta panguwasa ing Krajan Majapahit yaiku
Sang Prabu Brawijaya ka V. Kang jejer minangka patih asmane. Gajah Mada.
Nanging kuwi dudu Patih Gajah Mada ing jamane Prabu Hayam Wuruk biyen.
Anggone dijenengake Gajah Mada supaya Majapahit tetep wibawa kaya biyen.
Ing sawijine dina dumadakan tanpa kawruhan sebabe kuda
klangenane Sang Prabu Brawijaya V kang aran Turangga Kuda Remeng iku ucul saka
pagedhogane. Banjur tetegar ing alun-alun gawe rusake wewangunan ing alun-alun
Majapahit kono. Gamel kang kajibah minangka sratine Turangga Kuda Remeng
iku ora bisa nyekel Turangga Kuda Remeng kang katon mbrengangang lan
galok iku.
Kahanan tansaya dadi kosek bareng para prajurit uga ora godag
ngrangket Turangga Kuda Remeng kang tansaya rongeh bengah-bengeh tetegaran ing
alun-alun Krajan Majapahit kuwi. Akeh para prajurit kang dadi kurbane. Turangga
Kuda Remeng kasebut. Yen diematake temenan. Turangga Kuda Remeng iku kaya
kesetanan. Mripate mlereh abang pendirangan nggeririsi banget. Angele ngrangket
Turangga Kuda Remeng iku ora mung sebab Kuda Remeng iku giras lan kesit wae.
Naning kang luwih angel trap-trapene yaiku dene ana wewaler saka sang
nata, aja nganti tatu.
Nate ana prajurit papat kang gamben-gamben diutus nyekel
Turangga Kuda Remeng iku. Prajurit papat ikut mapan ana catur loka. Tegese ana
kang ana wetan, kidul, lor lan kulon. Jaran siji dikrubut prajurit papat.
Turangga Kuda Remeng tansaya bringas ngempros ngos-ngosan. Prajurit kang maju
nglimpe saka mburi ditampani
Nganggo slenthakan sikil loro mak keprok satemah glayaran tan
mangga puliha. Prajurit kang saka ngarep digejoh lan dikrokot kupinge dadi metu
getihe dleweran. Prajurit kang saka ngiringan uga ora kuwagang nyedhaki Kuda
Remeng jalaran kuda giras iku minger cepet banget, nylenthak lan nyakot
sakepenake wae. Prajurit papat iku ora wurung iya kasoran.
Sarehne para prajurit wis ora ana kang bisa mrantasi, mula
dipasrahake tumenggung reksa khayawan. Saweneh tumenggung gagah prakosa iku uga
mung dadi pengewan-ewanan. Pungkasane Sang Prabu Brawijaya V pasrah marang
Patih Gajah Mada nyekel Turangga Kuda Remeng ing alun-alun iku dadi dadi warta
kang narik kawigatene para kawula ing Praja Majapahit. Ngepasi dina cak-cakane
Patih Gajah Mada ngrangket Turangga Kuda Remeng iku para kawula cilik padha
nonton ing alun-alun. Iki tontonan gratis temenan.
Sadurunge ngayati nyekel Turangga Kuda Remeng iku Ki Patih Gajah
Mada ndhongak mendhuwur komat-kamit maos mantra sakti. Sawise kuwi banjur
nyedhaki Turangga Kuda Remeng. Jaran giras iku dadi lulut marang Ki Patih Gajah
Mada banjur lon-lonan nyengklak ing gigire jaran. Turangga Kuda Remeng iku
banjur mlayu lon-lonan ngedrap manis banget. Wong kang padha nonton surak
keplok mbata rubuh. Nanging ora kanyana jaran giras iku nglumba nguncalake ki
Patih nganti gumebruk tiba klumah ing lemah. Patih sepuh iku banjur digejoh,
dislenthak lan dikrokot nganti gubrah getih. Wong-wong sanalika padha cep
klakep kamitenggengen anteng pindha reca…….
Panjebar Semangat – 44/2004
Tidak ada komentar:
Posting Komentar