Selasa, 14 Januari 2014

micara



Crita kalebu salah sawijining keterampilan Micara. Sing kasebut berbicara/micara yaiku ngetokake/ngungkapake pikiran lan perasaan/rasa-pangrasa sawijining pawongan kanthi sarana tembung-tembung kang rinakit dadi ukara.
Salah sawijining kompetensi micara yaiku bab crita pengalaman sing lucu / nyengsemake.
Carane  milah-milah karangan kang lucu/nyengsemake mawa cara ing ngisor iki !
  1. Tulisen / gawenen dhaftar pengalaman sing nyemsemake ana sajroning bebrayan padinan.
  2. Temtokake salah sawijining pengalaman sing miturut sliramu paling nyemsemake.
  3. Temtokake tujuane crita kuwi digawe.
  4. Rembugen/omongno/critakno karo kancamu apa ancasmu/tujuanmu crita.
  5. Critakno kanthi tinulis cengkorongane crita.
  6. Critakno kanthi lesan crita sakomplite.

tuladha narasi sugestif


            Anggone ngingoni manuk darawisana sawatara suwene. Wiwite isih piyik-piyik nganti saiki tumekane diwasa. Mula Ali rumangsa seneng atine, dene ingon-ingone bisa lestari tekan seprene. Darane kuwi wis katon lulut. Nalika disingsoti dening Ali banjur pating bleber miber nyedhaki dheweke. Malah wingenane wis ngendhog barang. Cacahe ana loro. Dening Ali banjur digawekake petarangan saka suket garing.
Esuk kuwi kaya padatan sadurunge mlebu sekolah, Ali mesthi luwih dhisik makani manuke mau. Nanging saiba kagete nalika pagupone diinguk, jebule manuke ora ana. Ilang sak endhoge, sak petarangane. Kontan wae Ali arep nangis. Terus nyeluki ibune.
“Buuuk…buuk…. iki lho !”
“Ana apa ta, esuk-esuk kok wis bengok-bengok,” Ibune nayuri saka pawon.
“Daraku ilang buk !”
“He, kok bisa ilang kuwi kepriye ?” pitakone ibune karo menyat marani Ali.
“Ya embuh, kamangka nalika sorene isih ana,” wangsulane Ali karo tangane sraweyan ngusape eluhe.
“Wis…wis, ilang yawis. Saiki luwih becik gage adus terus sarapan. Mengko mundhak telat anggonmu mangkat sekolah,” pituture ibune ngarih-arih. Terus nyambungi maneh “Mbesuk yen ibu nduwe dhuwit rak ya bisa tuku maneh”.
Sakwise diarih-arih pungkasane Ali gelem mangkat sekolah. Nanging nalika pelajaran dheweke ora bisa konsentrasi babas pisan amarga terus kelingan manuke sing ilang mau. Pas jam istirahat banjur crita marang Budi, kancane sakelas.
“Ilange kapan ta ?” pitakone Budi
“Sajake mau bengi,” wangsulane Ali.
“Apa wis mbok goleki ?” Budi takon maneh.
“Ya durung,  wong ngertiku lagi mau esuk.”
“Yen ngono mengko nek wis bubaran sekolah coba digoleki bareng-bareng. Mbok menawa isih bisa ketemu,” ujare Budi aweh pamrayoga.
“Becik yen ngono, aku manut,” wangsulane Ali wis rumangsa lega amarga ana kanca sing menehi kawigaten lan pambiyantu.
Pancen Budi kuwi kancane Ali sing paling kenthel. Ing sekolahan uga minangka murid sing paling pinter dhewe. Antuk rangking siji terus. Cita-citane mbesuk  kepengin dadi pulisi. Mulane nalika mangerteni darane kancane ilang dheweke semangat banget kepengin nggoleki. Idhep-idhep kanggo ngasah pikirane.
Sakwise bel bubaran sekolah muni, bocah sakloron gegancangan mulih. Ing sadawane dalan padha rembugan.
“Li, daramu kuwi yen saba teka ngendi wae ?” pitakone Budi.
Ali banjur mangsuli, “Ora tekan ngendi-ngendi kok. Yen miber mung ing sakupenge omah wae. Ora adoh-adoh.”
“Yen dideleng omahmu rak rada adoh karo tangga-tangga. Sebab pekaranganmu kuwi rak jembar,” celathune Budi.
“Bener.”
“Lha sing ilang pira Li ?”
“Loro, sak jodho. Ketambahan endhog lan petarangane barang.”
“Daramu ana pira ta ?”
“Ya mung sak jodho thok.”
“Woo, ngono kuwi jenenge ilang kabeh.”
Ali mung nyengir karo kukur-kukur sirah krungu ujare Budi.
Satekane ing omahe Ali, Budi teus padha nonton papan sakiwa tengene pagupon omah dara mau. Budi banjur ujar “Yen tak pikir-pikir sing  njupuk iki kok dudu wong adoh”.
Terus nyambung maneh, “Ora saben pawongan weruh yen kowe ngopeni manuk. Jalaran daramu ora nate miber tekan ngendi-ngendi. Dheweke wis biasa utawa wis nate mrene.”
Ali takon, “Yen ngono sing njupuk sapa ?”
Tanpa mangsuli  pitakone Ali, Budi ujar maneh, “Daramu kuwi bakale diopeni. Ora dibeleh utawa dipateni. Amarga dijupuk sak endhoge. Dadine ing papane sing anyar daramu bakal terus ngangremi endhoge.”
“Oooo ngono ta,” Ali manthuk-manthuk.
“Olehe njupuk ora ijenan, nanging paling ora ana wong loro, Li.”
“Lha kok kowe bisa ngerti ?” pitakone Ali.
“Sebab kanggo nggawa lunga manuk loro sak endhog, sak petarangane kuwi ora bisa dicekeli dhewekan. Mesthi bakal kewuhan  mengkone. Wong tangane mung loro. Ora kaya Bathara Guru sing tangane ana papat, he……he…..he..”wangsulane  Budi karo nyoba ndhagel.
“Bener kandhamu, sabanjure piye ?”
Budi malah balik takon, “Ing desa ken sing ngopeni dara sapa wae?”
“Embuh aku ora nate migatekake.”
“Lha kowe apa apal ciri-cirine daramu kuwi Li ?”
“Ya apal ta. Wong olehku ngopeni kawit piyik.”
Karo menyat sak lungguhe Budi terus celathu, “Ya wis, saiki ayo padha digoleki.”
“Ing ngendi ?”
“Ing desa kene wae. Karo mlaku-mlaku, dolan-dolan.”
Sakarone banjur mubeng-mubeng karo golek sisik melik. Terkadang nganti blusukan ing pekarangane wong barang. Nalika tekan mburi omahe Parman, Ali celathu “Lha kae kandhang apa ya ?”
“Kandhang pitik. Nanging ora ana salahe ta awake dhewe niliki,” wangsulane Budi karo jumangkah nyedhaki.
Sakwise tekan cedhakan Ali kaget.
“Lha iki rak daraku!” wuwuhe karo tangane nudingi jero kandhang. Katon ing kono ana manuk dara loro. Sing siji lagi angrem. Kandhange pancen disingget-singget. Dadi manuke ora campur karo pitike.
Dumadakan ana swara sing gawe kagete bocah loro mau.
“Hei! Lagi padha ngapa kuwi?”
Kekarone noleh. Katon Parman wis ngadeg ing kono.
“Man, kowe njupuk daraku, ya,” tutuhe Ali.
“Jarene sapa, kowe aja ngawur, lho! Wangsulane Parman selak.
“Kuwi olwhku tuku wingenane ning pasar,” sambunge.
Budi melu nutuh,”Ali kuwi apal lho karo cirine manuke. Yen kowe nyoba selak, mengko taklapurake polisi tenan, lho.”
Ali banjur nuduhake ciri-cirine darane. Nanging Parman tetep puguh ora ngaku.  Budi banjur ujar,”Ngene wae. Manuk iki rak jaremu olehmu tuku nembe wae. Dadine mesthi durung lulut. Yen duweke Ali mesthi wis lulut. Mulane saiki manuke diiberake wae. Yen mengko disingsoti Ali terus balik marani, kuwi genak duweke Ali.”
“Iya, aku setuju,”ujare Ali.
Budi ujar maneh,”Yen ora gelem ngiberake berarti iku bener manuk colongan.”
Parman isih nyoba selak, “Lho, yen tak iberake banjur ora mbalik maneh piye?”
“Ora usah kuwatir. Yen ilang mengko tak ijoli tikel telu saka regane olehmu tuku,” wangsulane Budi.
Parman ora bisa suwala maneh, kepeksa ngiberake dara mau. Ali banjur nyingsoti manuk mau. Ora gantalan wektu nalika krungu swarane singsotan, darane peting bleber nyedhaki Ali. Malah salah sijine mencok ing pundhake.
Mangerteni sing kaya mangkono mau Parman wis ora bisa selak maneh. Parandene dheweke iya wedi yen mengkone bakal dilaporake polisi tenan. Pungkasane dheweke uga ngaku yen anggone njupuk ora dhewekan. Nanginh karo Edi. Sabenere Parman karo Edi kuwi kanca sak sekolahan karo Budi lan Ali. Malah nunggal kelas. Nanging bocah looro mau saksuwene iki dikenal minangka bocah nakal, asring bolos, ngganggu kanca-kancane, uga seneng colong jupuk barang.
Parman terus mbalekake darane Alilan uga bakal ngajak Edi njaluk ngapura, janji ora bakal mbalenitumindake sing kleru mau lan uga janji bakal dadi bocah sing apik.
(Herman WH.)

WACANA NARASI




Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774) sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”.
Dadi narasi tegese karangan sing nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa kang winatesing sawijining wektu.
Wacana narasi ana werna loro :
a.  Narasi Ekspositoris
Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu / apa anane. Narasi ekspositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Tuladha  :
Kepala Satuan Narkoba Polres Sumbawa, Ipda Yudi Fanani, Kemis (22/12 – 2005) ditemokake tiwas ing salah sijine kamar hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis sabu-sabu. Polisi sing tugase mandhegani mbrastha narkoba iki dinuga tiwas sakwise  pesta narkoba jalaraning tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake alat pengisep (bong) SS.
b.  Narasi Sugestif
Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca terus bisa njupuk sari / makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak lan sajinise.

WACANA EKSPOSISI




            Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Yen miturut KBBI (2001 : 290) eksposisi tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan tujuan (umpamane ana sajroning karangan).
Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
Kajaba saka kuwi, kanggo nulis wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf. Pola pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana ing ngisor iki .
a) Conto-conto /  tuladha-tuladha
Gagasan sing sifate umum tarkadhang merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih bisa dipahami dening pamaos
Tuladha :
Kedele sing arep digawe tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa babar / ora bisa dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora  bisa agawe matenge tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa “bereaksi”  kanthi sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude yan isih kedele. Saliyane kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa anjalari tempene dadi ireng, ora bisa putih resik ngono kae.
b) Mbandingake / Perbandingan
Ana sajroning iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.
Tuladha :
Tuku pitik zaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning  pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek terus tur rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune metu iler / banyune lan rupane aclum.
c)  Analogi
Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing mbandingake antaraning anak lan kembang.
Tuladha :
Anak kuwi kembang ing urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah tangga. Anak kuwi sing bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake pengarep-arepe wong tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isih suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembanging balepomah.
d)  Sebab – Akibat
Pengembangan paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing akibat.
Tuladha :
Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi ing pungkasaning  wulan iki.
e)  Proses
Pengembangan proses arep padha karo pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake bab urutaning wektu,  dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake.
Tuladha :
Menawa simbol J kanggo jejer, W kanggo wasesa, lan L kanggo lesan, paugeran umum kanggo nggawe ukara tanggap saka ukara tanduk kang kaya ing ngisor iki.
  1. Tetep mentingake urutan J – W – L , ananing J lan L diijolake papan panggonane.
  2. Ater-ater anuswara (am-, an-, ang-, any-) diganti ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-, di-)