Selasa, 14 Januari 2014

tuladha narasi sugestif


            Anggone ngingoni manuk darawisana sawatara suwene. Wiwite isih piyik-piyik nganti saiki tumekane diwasa. Mula Ali rumangsa seneng atine, dene ingon-ingone bisa lestari tekan seprene. Darane kuwi wis katon lulut. Nalika disingsoti dening Ali banjur pating bleber miber nyedhaki dheweke. Malah wingenane wis ngendhog barang. Cacahe ana loro. Dening Ali banjur digawekake petarangan saka suket garing.
Esuk kuwi kaya padatan sadurunge mlebu sekolah, Ali mesthi luwih dhisik makani manuke mau. Nanging saiba kagete nalika pagupone diinguk, jebule manuke ora ana. Ilang sak endhoge, sak petarangane. Kontan wae Ali arep nangis. Terus nyeluki ibune.
“Buuuk…buuk…. iki lho !”
“Ana apa ta, esuk-esuk kok wis bengok-bengok,” Ibune nayuri saka pawon.
“Daraku ilang buk !”
“He, kok bisa ilang kuwi kepriye ?” pitakone ibune karo menyat marani Ali.
“Ya embuh, kamangka nalika sorene isih ana,” wangsulane Ali karo tangane sraweyan ngusape eluhe.
“Wis…wis, ilang yawis. Saiki luwih becik gage adus terus sarapan. Mengko mundhak telat anggonmu mangkat sekolah,” pituture ibune ngarih-arih. Terus nyambungi maneh “Mbesuk yen ibu nduwe dhuwit rak ya bisa tuku maneh”.
Sakwise diarih-arih pungkasane Ali gelem mangkat sekolah. Nanging nalika pelajaran dheweke ora bisa konsentrasi babas pisan amarga terus kelingan manuke sing ilang mau. Pas jam istirahat banjur crita marang Budi, kancane sakelas.
“Ilange kapan ta ?” pitakone Budi
“Sajake mau bengi,” wangsulane Ali.
“Apa wis mbok goleki ?” Budi takon maneh.
“Ya durung,  wong ngertiku lagi mau esuk.”
“Yen ngono mengko nek wis bubaran sekolah coba digoleki bareng-bareng. Mbok menawa isih bisa ketemu,” ujare Budi aweh pamrayoga.
“Becik yen ngono, aku manut,” wangsulane Ali wis rumangsa lega amarga ana kanca sing menehi kawigaten lan pambiyantu.
Pancen Budi kuwi kancane Ali sing paling kenthel. Ing sekolahan uga minangka murid sing paling pinter dhewe. Antuk rangking siji terus. Cita-citane mbesuk  kepengin dadi pulisi. Mulane nalika mangerteni darane kancane ilang dheweke semangat banget kepengin nggoleki. Idhep-idhep kanggo ngasah pikirane.
Sakwise bel bubaran sekolah muni, bocah sakloron gegancangan mulih. Ing sadawane dalan padha rembugan.
“Li, daramu kuwi yen saba teka ngendi wae ?” pitakone Budi.
Ali banjur mangsuli, “Ora tekan ngendi-ngendi kok. Yen miber mung ing sakupenge omah wae. Ora adoh-adoh.”
“Yen dideleng omahmu rak rada adoh karo tangga-tangga. Sebab pekaranganmu kuwi rak jembar,” celathune Budi.
“Bener.”
“Lha sing ilang pira Li ?”
“Loro, sak jodho. Ketambahan endhog lan petarangane barang.”
“Daramu ana pira ta ?”
“Ya mung sak jodho thok.”
“Woo, ngono kuwi jenenge ilang kabeh.”
Ali mung nyengir karo kukur-kukur sirah krungu ujare Budi.
Satekane ing omahe Ali, Budi teus padha nonton papan sakiwa tengene pagupon omah dara mau. Budi banjur ujar “Yen tak pikir-pikir sing  njupuk iki kok dudu wong adoh”.
Terus nyambung maneh, “Ora saben pawongan weruh yen kowe ngopeni manuk. Jalaran daramu ora nate miber tekan ngendi-ngendi. Dheweke wis biasa utawa wis nate mrene.”
Ali takon, “Yen ngono sing njupuk sapa ?”
Tanpa mangsuli  pitakone Ali, Budi ujar maneh, “Daramu kuwi bakale diopeni. Ora dibeleh utawa dipateni. Amarga dijupuk sak endhoge. Dadine ing papane sing anyar daramu bakal terus ngangremi endhoge.”
“Oooo ngono ta,” Ali manthuk-manthuk.
“Olehe njupuk ora ijenan, nanging paling ora ana wong loro, Li.”
“Lha kok kowe bisa ngerti ?” pitakone Ali.
“Sebab kanggo nggawa lunga manuk loro sak endhog, sak petarangane kuwi ora bisa dicekeli dhewekan. Mesthi bakal kewuhan  mengkone. Wong tangane mung loro. Ora kaya Bathara Guru sing tangane ana papat, he……he…..he..”wangsulane  Budi karo nyoba ndhagel.
“Bener kandhamu, sabanjure piye ?”
Budi malah balik takon, “Ing desa ken sing ngopeni dara sapa wae?”
“Embuh aku ora nate migatekake.”
“Lha kowe apa apal ciri-cirine daramu kuwi Li ?”
“Ya apal ta. Wong olehku ngopeni kawit piyik.”
Karo menyat sak lungguhe Budi terus celathu, “Ya wis, saiki ayo padha digoleki.”
“Ing ngendi ?”
“Ing desa kene wae. Karo mlaku-mlaku, dolan-dolan.”
Sakarone banjur mubeng-mubeng karo golek sisik melik. Terkadang nganti blusukan ing pekarangane wong barang. Nalika tekan mburi omahe Parman, Ali celathu “Lha kae kandhang apa ya ?”
“Kandhang pitik. Nanging ora ana salahe ta awake dhewe niliki,” wangsulane Budi karo jumangkah nyedhaki.
Sakwise tekan cedhakan Ali kaget.
“Lha iki rak daraku!” wuwuhe karo tangane nudingi jero kandhang. Katon ing kono ana manuk dara loro. Sing siji lagi angrem. Kandhange pancen disingget-singget. Dadi manuke ora campur karo pitike.
Dumadakan ana swara sing gawe kagete bocah loro mau.
“Hei! Lagi padha ngapa kuwi?”
Kekarone noleh. Katon Parman wis ngadeg ing kono.
“Man, kowe njupuk daraku, ya,” tutuhe Ali.
“Jarene sapa, kowe aja ngawur, lho! Wangsulane Parman selak.
“Kuwi olwhku tuku wingenane ning pasar,” sambunge.
Budi melu nutuh,”Ali kuwi apal lho karo cirine manuke. Yen kowe nyoba selak, mengko taklapurake polisi tenan, lho.”
Ali banjur nuduhake ciri-cirine darane. Nanging Parman tetep puguh ora ngaku.  Budi banjur ujar,”Ngene wae. Manuk iki rak jaremu olehmu tuku nembe wae. Dadine mesthi durung lulut. Yen duweke Ali mesthi wis lulut. Mulane saiki manuke diiberake wae. Yen mengko disingsoti Ali terus balik marani, kuwi genak duweke Ali.”
“Iya, aku setuju,”ujare Ali.
Budi ujar maneh,”Yen ora gelem ngiberake berarti iku bener manuk colongan.”
Parman isih nyoba selak, “Lho, yen tak iberake banjur ora mbalik maneh piye?”
“Ora usah kuwatir. Yen ilang mengko tak ijoli tikel telu saka regane olehmu tuku,” wangsulane Budi.
Parman ora bisa suwala maneh, kepeksa ngiberake dara mau. Ali banjur nyingsoti manuk mau. Ora gantalan wektu nalika krungu swarane singsotan, darane peting bleber nyedhaki Ali. Malah salah sijine mencok ing pundhake.
Mangerteni sing kaya mangkono mau Parman wis ora bisa selak maneh. Parandene dheweke iya wedi yen mengkone bakal dilaporake polisi tenan. Pungkasane dheweke uga ngaku yen anggone njupuk ora dhewekan. Nanginh karo Edi. Sabenere Parman karo Edi kuwi kanca sak sekolahan karo Budi lan Ali. Malah nunggal kelas. Nanging bocah looro mau saksuwene iki dikenal minangka bocah nakal, asring bolos, ngganggu kanca-kancane, uga seneng colong jupuk barang.
Parman terus mbalekake darane Alilan uga bakal ngajak Edi njaluk ngapura, janji ora bakal mbalenitumindake sing kleru mau lan uga janji bakal dadi bocah sing apik.
(Herman WH.)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar