Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara
narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis,
awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa
kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake
pangertene pawongan.
Yen miturut KBBI (2001 :
290) eksposisi tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan
tujuan (umpamane ana sajroning karangan).
Ana sajroning wacana
eksposisi panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal
dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa
mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
Kajaba saka kuwi, kanggo
nulis wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf.
Pola pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana
ing ngisor iki .
a) Conto-conto /
tuladha-tuladha
Gagasan sing sifate umum
tarkadhang merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih
bisa dipahami dening pamaos
Tuladha :
Kedele sing arep digawe
tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa babar / ora bisa
dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora bisa agawe matenge
tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa “bereaksi” kanthi
sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude yan isih kedele. Saliyane
kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa anjalari tempene dadi ireng,
ora bisa putih resik ngono kae.
b) Mbandingake /
Perbandingan
Ana sajroning iki
diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.
Tuladha :
Tuku pitik zaman saiki kudu
ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung.
Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake.
Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere
tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek terus tur
rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi
pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune metu iler / banyune
lan rupane aclum.
c) Analogi
Tegese analogi yaiku medharake
bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing
mbandingake antaraning anak lan kembang.
Tuladha :
Anak kuwi kembang ing
urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah tangga. Anak kuwi sing
bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake pengarep-arepe wong
tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip.
Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isih
suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembanging balepomah.
d) Sebab – Akibat
Pengembangan paragraf
jinis iki migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab
tumuju akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing
akibat.
Tuladha :
Yen ditilik saka kahanan
kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan.
Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran banyu. Akibate, ing sadhengah
panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi ing pungkasaning wulan
iki.
e) Proses
Pengembangan proses arep
padha karo pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake
bab urutaning wektu, dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing
dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake.
Tuladha :
Menawa simbol J kanggo jejer, W kanggo wasesa, lan L kanggo lesan, paugeran
umum kanggo nggawe ukara tanggap saka ukara tanduk kang kaya ing ngisor iki.
- Tetep mentingake urutan J – W – L , ananing J lan L diijolake papan panggonane.
- Ater-ater anuswara (am-, an-, ang-, any-) diganti ater-ater tripurusa (dak-/tak-, kok-, di-)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar