Selasa, 14 Januari 2014

babagan sing kudud digatekake nalika dadi paraga sandiwara



Waluyo (2001:109) nyethakake maragakake sawenehing paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya. Mula saka kuwi, dadi paraga ana ing sawenehing lakon sandiwara kudu migatekake babagan ing ngisor iki.
1.       nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga (dadi aktor/aktris);
2.      maragakake kanthi wajar, ora digawe-gawe;
3.      paraga kang ditindakake diselarasake klawan tipe,gaya, jiwa, lan ancas pementasan;
4.      paraga kang ditindakake diselarasake periode wektu lan watak.
Ing ngisor iki pitung cara kang bisa ditindakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon sandiwara.
1.       Gladhen olah awak
2.      gladhen suara
3.      gladhen observasi lan imajinasi
4.      latihan konsentrasi
5.      latihan teknik
6.      sistem acting
7.      nglancarake kaprigelan lan gladhen.
Dene babagan kang kalebu unsure intrinsic sandiwara (unsure pembangun sandiwara/drama) yakuwi:
1.       Tema
2.      Underaning perkara kang arupa ide dhasar crita diarani tema. Tema sing dianggo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kang kerep diprangguli ana bebrayan
3.      Paraga lan watake
4.      Alur/dalan crita
5.      Amanat


Tidak ada komentar:

Posting Komentar