Argumentasi kedadeyan saka paragraf kang isine nduweni ancas
mbujuk lan ngrayu pamaos supaya nampa gagasan utawa wedharan kang
ditulis/digagas dening panulis, kanthi tetimbangan logis utawa emosional.
Paragraf argumentasi kuwi biyasane nduweni wujud arupa
saperangkat ukara sing dirakit kanthi maneka cara saengga ukara kuwi nduweni
fungsi dadi panyengkunyunge ukara-ukara liyane. Lumrahe ukara pokok
disengkuyung ukara panjelas kang arupa bukti utawa alasan utawa
tuladha-tuladha. Sawijining paragraf digolongake paragraf argumentasi kanthi
lelandhesan ananing masalah kng nduweni sipat kontroverial, nduweni
teges kang beda-beda. Masalah kuwi dijelasake ananing alasan-alasan kang
nduuweni sipat logis kang ngyakinake. Alesan kuwi nduweni rasa kaendahan,
bener, apik, migunani, lan efektivitas kang selaras klawan paham kang dianut.
Lelandhesaning argumentasi kuwi ana ing sjroning argumen kang
dumunung ana ing telung prinsip kang baku:
·
Wedharan
(pernyataan);
Wedharan kuwi gumantung ananing masalah kang asipat
kontroversial
·
Alasan
kang nyengkuyung;
Alasan kuwi ukara-ukara kang lelandhesan marang bab-bab kang
bisa mbeneraki gagasan kang diwedharake ana sajroning wedharan.
·
Pembenaran.
Pembenaran kuwi ukara kang nuduhake
ananing gegayutan antaraning wedharan klawan alasan. Kanthi ukara liya, pembenaran kuwi
arupa ukara dudutan kang wis diwedharake ana ing ukara kapisan ana ing paragraf
deduktif. Dadi, paragraf deduktif kuwi umume nduweni sipat paragraf repetitif
utawa paragraf dedutif-induktif tegese paragraf kang
ukara pokoke ana ing purwaning ukara lan dibaleni maneh ana ing pungkasaning
paragraf kanthi ukara kang beda ning intining padha. Ananging paragraf
argumentasi uga bisa kedadeyan saka paragraf dedutif utawa induktif wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar