Ceramah kalebu sesorah
babagan seserapan utawa ngelmu tertemtu. Mirengake ceramah kalebu salah
sijining kaprigelan nyemak. Nyemak iki bisa nduweni sipat kang mbosenake.
Luwih-luwih menawa nyemak babagan kang ora disenengi. Mula saka kuwi, juru
ceramah kudu pinter-pinter nggawe cara kepriye amrih pamireng kuwi ora bosen.
Ing ngisor iki ana tuladha
babagan nyemak budaya jawa.
Seni Pakerisan
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahirobil’alamin,
asholatu wassalu’alal asrofil ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana
Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.
Salam kasugengan, salam
karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya.
Amin.
Panjenenganipun Bapak Dwija
Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan
kurmati.
Bapak/Ibu guru sarta
karyawan SMA Negeri 4 ingkang satuhu sinudarsana; sarta para siswa SMA N4
ingkang tansah kasandhing ing Gusti.
Langkung rumiyin, sumangga
tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten
kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah
kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4 kanthi
kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita
sedaya.
Ing enjing menika kula
badhe ngaturaken babagan salah satunggaling seni/budaya Jawa ingkang ketingalipun
sampun dipun kiwakaken dening para mudha. Mugi-mugi kanthi andharan menika,
para mudha, mliginipun siswa SMA N4 saged nampi lan salajengipun saged ngleluri
budaya menika. Babagan budaya Jawa menika inggih menika seni
pakerisan.
Keris mujudaken salah
satunggaling gegaman landhep ingkang gadhah ciri sarta wangun mligi. Gegaman
awujud keris menika sayektosipun boten namung wonten ing tlatah Indonesia.
Ananging ugi sumebar wonten kukuban ingkang langkung wiyar, tlatah Melayu,
kadosta Malaisia, Brunei Darusalam, Vieetnam Selatan, Myanmar, lan Philipina.
Wonten Indonesia piyambak keris menika kathah jinisipun, wangunipun, gaya,
sarta corakipun gumantung asal dhaerahipun. Sedaya kalawau kaperbawan saking
filosofi menapadene adat budaya lokal ingkang gesang wonten laladan menika.
Ingkang mbedakaken kalih
bedhama jinis suduk sanesipun, keris Jawa gadhah titikan ingkang mligi. Inggih
menika condhong leleh (kemiringan wilah), ganja, lan
pesi. Panjang wilahanipun ugi tinamtu, antawisipun 30 cm (paling cendhak)
ngantos 42 cm, dene ukuran normalipun 37 cm.
Kawawas saking segi
etimologi, ing basa krama alus keris ugi sinebut kadga utawa curiga, dinuga
asalipun saking tembung
India khadga lan curikha. Dene
menawi adhedhasar panaliten sujarah lan arkeologi, u sujarahara ingkang nyebut
keris utawi kres nembe dipun panggihaken wonten prasasti Karang Tengah menapa
dene Poh wantawis abad 9, sarta prasasti Rukam tahun 829 Caka.
Wonten laladan Solo
sakupengipun, taksih kepanggip sawetawis besalen . semanten ugi para empu
ingkang damel keris. Tembung empu asalipun saking pok. Tegesipun bongkot. Liripun empu
mujudaken junggul, pawongan ingkang kagungan kreativitas mangun dhapur keris
amrih dados langkung edi. Salebetipun makarya empu kabiyantu tenaga pokok
sekawan ingkang sinebbat sabat, ingkang dinuga saking tembung sakhabat. Sabat
papat (sekawan) kalawau saben tiyangipun kagungan kawasisan tinamtu. Ahli malu
utawi nggebug bakalann wesi mengangah sinebat papalon.Ingkang nguwaosi
teknik mangun dhapuran sarta prigel ngikir sinebat panjak. Mrapen utawi baratmujudaken
pawongan ingkang ngempus
ububan. Dene
ingkang ngreksa urubing geni amrih tetep gesang dipasarahaken brahmaniyuta.
Ing tanah Jawi ingkang anja babagan seni
pakerisan wonten ing Madura. Malah Madura menika kawastanan punjering produksi
keris. Gunggungipun empu ugi langkung kathah tinimbang wonten ing tanah Jawii.
Kamangka sujarah Kraton tuwuh lan ngrembaka wonten tanah Jawa. Menika dipun
sebabaken kondisi sosial budaya wonten Madura kuwawi njamin ngelmu damel keris
tetep lestari. Undderaning prekawis, profesi empuu angel kangge cagakipun
gesang.
Para Bapak/Ibu Guru,
sarta para siswa sedaya, mekaten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta
kalepatanipun kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Akhirul kalam,
Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Nuwun!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar