Selasa, 14 Januari 2014

NYEMAK WARA-WARA




            Nyemak tegese sawijining proses kegiyatan ngrukokake  lambang-lambang lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman,  apresiasi, sarta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, sarta paham tegese komunikasi sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lisan.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bias arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita. Nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan kanggo mangerteni teges sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh kalebu nyemak intensif-konsentratif. Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang nyemak ngupadi bab-bab informasi sing penting. Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang dikarepake ana babagan penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
  1. nyiapake fisik lan mental, tegese kahanane sehat, ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang
  2. konsentrasi, tegese musatake perhatian lan pikiran tumuju marang apa kang disimak
  3. motivasi, tegese nduweni tujuwan tertemtu kang pingin digayuh
  4. objektif, tegese mangerteni saben thek-kliwere apa kang disemak
  5. nyemak kanthi wutuh, tegese nyemak sakabehe, ora perangane wae
  6. selektif, tegese tansah milih perangan penting bab bahan semakan
  7. ora gampang keganggu swara-swara saka njaba
  8. ngregani pawongan sing ngendikan, ora ngremehake
  9. rikat anggone mangerteni kahanan (menyesuaikan dhiri)
  10. ora emosional, ora ngenyek pawogan sing ngendikan,
  11. kontak kalawan pawongan sing ngendikan
  12. ndamel rangkuman
  13. mbiji materi ingkang ingendikakake
  14. maringi tanggapan/reaksi/komentar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar