Sabtu, 07 Desember 2013

CAK-CAKANE MEDHAR SABDA

Amarga olah keprigelan lisan, mula cak-cakane pamedhar sabda kudu nggatekake pangulahe swara amrih leres lan laras, cethaning pangucap, sarta endah lan luwes. supaya anggone medhar sabda iku ora ndadekake luputeng pangandikan lan panampining wadharan kudu nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki, yaiku :
- Atur salam lan muji syukur
-mbakekake lan ngaturake panuwun
-ngandharake wosing gati
-nyuwun pangapura menawa ana luput anggone matur lan pangajap
- maturake panutup

Perangane Medhar Sabdha Pasrah Panganten
1. Atur Salam
Tuladhane :
Assalamualaikum Wr. Wb.
kula Nuwun

2. Mbagekake lan ngaturake Panuwun
Tuladhane :
Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhuring budi. Nyuwun pangapunten dene kula paripeksa nggenpil kamardikan panjenengan sedaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun Bapak (Maryono) sarimbit.

3. Ngandharaken Wosing Gati
Tuladhane :
Nuwun, Bapak (Maryono) sekaliyan, kula kakersakaken dening kadang kula pun Bapak (waluyo) seklaiyan.
Sepisan : ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak (Maryono) sakluwarga tansah pinayungan ing pangeran ambabar raharu wilujeng lumeber ing sedayanipun.
kaping kalih : kula kinanthen rowang sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon penganten putra, naminipun Bagus Abimanyuingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Roro santika putra putri panjenengan.
Ingkang menika mugi kaparenga nampi. dene wonten kekiranganipun, Bapak (Waluyo) sekaliyan nyuwun agenging pangapunten.

4. Nyuwun pangapunten menawa ana luput anggone matur ing pangajab
Tuladha :
Salajengipun, kalampahanipun dhauping panganten kasumanggakaken ing keparen panjenengan sakluwarga.
minangka panutupin atur, mbokbilih wonten atur kula saklimah, sowan kula sarowang, ingkang kirang trapsila satemah boten damel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami.

5. Ngaturake Panutup
Tuladha :
Cekap semanten, nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar