Miturut bausastra Jawa, geguritan iku
karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan
guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan
asale saka tembung “gurit”. Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud
tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa
rerepen.
Sing kudu digatekake nalika maca
geguritan yaiku :
·
Wicara
: pocapan
·
Wirama
: irama/lagu
·
Wiraga
: solahe raga, pasemon
·
Wirasa
: pangrasa
Geguritan dibagi loro yaiku geguritan
gagrag kuna/lawas lan geguritan gagrag anyar.
ð Geguritan gagrag kuna/lawas
Tengerane:
ð Cacahing
gatrane ora ajeg, nanging sethithike papat
ð Cacahing
wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
ð Tibaning
swara (guru lagune) kudu runtut
ð Sangarepe
geguritan, diwiwiti nganggo tembung “sun nggegurit”
ð Geguritan
gagrag anyar
Tengerane
:
ð Tembung-tembung
pilihan
ð Isine
mentes
ð Cacahe
gatra/larikan ora katemtotake
ð Arang
nganggo tembung salugune/denotasi
ð Akeh
nganggo tembung kiasan/konotasi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar