Kamis, 05 Desember 2013

Tuladha sambutan pambyaharja adicara manten

Tuladha sambutan pambyaharja adicara manten

Assalamualaikum Wr. Wb.
kula nuwun.
Para pinisepuh, para sesepuh, ingkang satuha kinabekten.
Para kakung putri ingkang pantes kinurmatan.
   Kawilujengan, karaharjan tuwin katentreman, mugi tansah kasarira panjenengan sedaya.
   keparenga kula sumela atur mundhi dhawuh saking bapak padmowiharjo sekaliyan, ingkang sopados metur wonten ngarsa panjenengan. Namung sederengipun, mangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rakhmat dhateng panjenengan lan kula temah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng nir ing rubeda.
     Semuwaning pawiwahan ing titiwanci punika, inggih awit karawuhan panjenengan sedaya.
pramila bapak padmoharjo hangambali atur wilijeng rawuh.
     Boten kesupen Bapak Padmowiharja ngaturen aturing panuwun ingkan tanpa pepindhan, awit sedaya pembiyantu panjenengan saha para kadang mitra, tangga tepalih, ingkang awujud punapa kemawon, inkang saged ngentheng-ngenthengaken Bapak padmowiharja sekaliyan anggenipun kagungan damel manten.
     Bapak padmowiharja mboten saged atur lelirusih kadarmanpanjenengan kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados amal lan pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Agung.
     Para tamu ingkang pantes sinudarsana.
     Senajan anggenipun kagungan kersa manton bapak Padmowiharja punika sampun dangu anggenipin ngracik, ewa semanten taksih kathah kekiranganipun, wiwit panyerating asmaing serat sedhahan ingkang mbok bilih boten leres, ngantos anggenipun nampi karawuhan panjenenganwonten kiranging tanggap tangguh gupuh miwah sugeh, saha aturipun palenggahan mbok bilih kirang jumbuh kaliyan kalenggahan panjenengan ing bebrayan, bapak padmowiharja nyuwun agungin pangapunten.
     Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi.
     Senajan sampun mboten kepetang kawigetosan panjenengan dhateng bapak Padmowiharja sekaliyan, ewa semanten panjenenganipun taksih nyuwun agungan panjenengan, mugu kersa lelenggahan ngantos papripurnaning pawiwahan ing dalu punika.
     Dene kula piyambak, mbok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita tatakrami, inggih awit kuthunging seserepan kula, pramila kula ugi nyuwun pangapunten.


   Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar