Tembung lingga
Tembung lingga yaiku tembung sing
durung owah saka asale (kata asal). Tembung lingga sing unine mung sakecapan
diarani tembung wod.
Tuladha tembung lingga : adus,
babar, cokot, tuku, turu, tandur, ISP.
Tuladha tembung wod : ler, lur, nul,
tik, ISP.
v Tembung andhahan
a.
Ater-ater
- Ater-ater hanuswara (awalan
nasal) sing awujud :m-, n-, lan, ny-, ng-.
m- + bathik dadi mbathik
m- + pupus dadi mupus
n- + dudut dadi ndudut
n- + tulis dadi nulis
ng- + gawa dadi nggawa
ng- + kethok dadi ngethok
ny- + cuwil dadi nyuwil
ny- + sikut dadi
nyikut
- Ater-ater tripurasa sing
awujud : dak-, ko-, lan di-
Dak- + pangan dadi dakpangan
Dak- + dhudhuk dadi dakdhudhuk
Ko- + jupuk dadi kojupuk
Ko- + goreng dadi kogoreng
di- + ambung dadi diambung
di- + batin dadi
dibatin
- Ater-ater liyane sing awujud :
a- + lungguh dadi alungguh
ma- + lumpat dadi malumpat
ka- + limpe dadi kalimpe
ke- + sandhung dadi kesandhung
sa- + gegem dadi sagegem
pa- + lilah dadi palilah
pi- + tutur dadi pitutur
pra- + wira dadi prawira
kuma- + wani dadi kumawani
kapi- + lare dadi kapilare
tar- + waca dadi
tarwaca
- Seselan
Seselan
ing awujud : -um, -in, -el, lan –er-
-um- + guyu dadi gumuyu
-um- + ayu dadi kemayu
-in- + serat dadi sinerat
-in- + gawa dadi ginawa
-el- + dewer dadi delewer
-el- + kumpruk dadi klumpruk
-er- + cuwil dadi ceruwil
-er- + kelip dadi kerelip
Tidak ada komentar:
Posting Komentar