Kamis, 12 Desember 2013

maca geguritan



Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan kagolong karya sastra tulis. Tembung geguritan asale saka tembung “gurit”. Gurit tegese kidung utawa tembang tulisan awujud tatahan kanthi paugeran tartamtu. Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.
Sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku :
·         Wicara : pocapan
·         Wirama : irama/lagu
·         Wiraga : solahe raga, pasemon
·         Wirasa : pangrasa
Geguritan dibagi loro yaiku geguritan gagrag kuna/lawas lan geguritan gagrag anyar.
ð   Geguritan gagrag kuna/lawas
Tengerane:
ð  Cacahing gatrane ora ajeg, nanging sethithike papat
ð  Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe
ð  Tibaning swara (guru lagune) kudu runtut
ð  Sangarepe geguritan, diwiwiti nganggo tembung “sun nggegurit”
ð  Geguritan gagrag anyar
Tengerane :
ð  Tembung-tembung pilihan
ð  Isine mentes
ð  Cacahe gatra/larikan ora katemtotake
ð  Arang nganggo tembung salugune/denotasi
ð  Akeh nganggo tembung kiasan/konotasi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar