Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing
disamun kayadene cangkriman nanging batangane kasebut ing ukara candhake mung
dicangking wandane bae. Dadi, wangsalan
iku unenunen kang awujud cangkriman kang batangane ana ing njero unen-unen
kuwi. Wamhsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
Wangsalan bisa diperang 3 yakuwi :
wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan edi peni, lan wangsalan awujud
tembang.
1.
Wangsalan
sajroning pacelathon.
Tuladha :
Njanur gunung, kadingaren dolan mrene? (janur gunung = aren)
Jenang gula, aja lali (jenang
gula = gulali)
Balung geni, mbokmenawa
aku ora bisa teka(balung geni =
mawa)
2.
Wangsalan
edi peni
Tuladha :
Witing klapa jawata ing
ngarca pada. Sagulune wong sinau aja sembrana
(wit klapa = glugu,
jawata ing ngarca pada = wong)
Kolik priya, warana
anjani putra. Tuhu eman, wong anom wedi kangelan
(kolik priya = tuhu,
anjani putra = anoman)
Roning kamal, putrane
pandhita Durna. Mumpung enom, ngudia laku utama
(ron kamal = sinom,
putrane pandhita Durna = Aswatama)
3.
Wangsalan
awujud tembang
Tuladha :
Kinanthi linginh pitutur
Kenthang rambat menyan
putih
Awasna dipun pratela
Noleha wiranging wuri
Cecangkok wohing kelapa
Kang dadi pathoking urip
ð Kenthang
rambat = tela
ð Menyan
putih = wlirang
ð Cecangkok
wohing klapa = bathok
Tidak ada komentar:
Posting Komentar