Kamis, 12 Desember 2013

Tembung rangkep



 Tembung rangkep
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa sawanda wae. Tembung rangkep (ind : kata ulang) ana telung warna yaiku :
1)      Tembung dwilingga, yaiku tembung-tembung kang diwaca kaping pindho kabeh linggane
a.     Dwilingga padha swara
v Guru-guru
v Bapak-bapak
v Bocah-bocah
b.        Dwilingga salin swara
v Mloka-mlaku
v Mrana-mrene
v Wira-wiri
v Nongas-nangis
c.          Dwilingga semu
v Ondhe-ondhe
v Untir-untir
v Anggang-anggang
v Andheng-andheng
2)       Tembung dwipurwa, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep.
v  Dedunung
v  Jejupuk
v  Lelumpuk
v  leluri
3)       Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing nburi.
-          Cakakak, sekikik, cengingis, cenganges
-          Cekikik
-          Cengingis
-          Celuluk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar