Senin, 16 Desember 2013

jinis wayang

Jinising wayang  Wayang purwa : wayang sing kagawe saka kulit (lulang). Critane mahabarata lan Ramayana.  Wayng wong : wayang sing ditindakake dening wong. Critane mahabarata lan Ramayana.  Wayang golek : wayang saka kayu kawangun golek. Critane mahabarata lan Ramayana.  Wayang suluh : wayang saka lulang kawangun wong. Critane panguripane wong.  Wayang beber : wayang awujud gambar., jejeran, saka kertas kandel/mori sing wis digambari. Critane R. Pani Kertapati lan Dewi Sekartaji.  Wayang wahyu : wayang saka lulang kawangun wong. Critane bab penerangan agama (katolik?  Wayang menak : wayang saka kayu kawangun wong. Critane wong agung Jayanegara, Umarmaya, lan Umarmadi (dakwah agama Islam)  Wayang krucil : wayang saka lulang cilik-cilik, tangane wudhar siji, sijine malang kerik. Critane Bab Babad.  Wayang madya : wayang saka lulang, nalika jaman demak. Critane mahabarata.  Wayang potehi : wayang awujud boneka, cilik-cilik. Critane jaman kraton Tar Tar/ babad cina  Wayang jemblung : wayang saka kayu, kaewangun wong. Sumebar ing daerah pesisir pulo jawa, Blora, Cepu. Critane bab babad (kaya kethoprak)  Wayang gedhog : wayang sing kagawe saka lulang. Critane R. panji Inukertapan.  Wayang klithik : wayang sing kagawe kayu gepeng.  Wayang kancil : wayang sing kagawe saka lulang. Critane kancil.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar