Rabu, 11 Desember 2013

wara-wara



Wara-wara minangka sawijining wujud nglantarake kabar (informasi) kanggo menehi ngerti marang masyarakat. Cara nglantarake bisa kanthi sarana laying lan bisa kanthi sarana media elektronik.
Wujude wara-wara bisa dititik kaya kasebut ing ngisor iki.
1)    Basane komunikatif, tegese ora ngyawara cukup apa perlune wae, nganggo tetembungan kang prasaja supaya gampang ditampa dening sapa wae kang ngrungakna utawa maca.
2)    Isine ringkes, tegese ngemot kang penting wae. Perangan kang ora penting prayogane ditinggal wae.
3)    Perangane genep, tegese sanadyan ringkes nanging genep.
Wara-wara kudu bisa mangsuli pitakon ing ngisor iki :
1)    Apa (kang dadi inti prastawa mau)
2)    Sapa (kang dadi inti waara-wara)
3)    Geneya (paraga inti mau nganti bisa nglakoni kadadean kaya ngono)
4)    Ing ngendi (inti wara-wara mau dileksanakake)
5)    Kepriye (carane nindakake pagawean mau)
6)    Pitakon liya miturut jenise wara-warane mau.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar