Rabu, 11 Desember 2013

tembang

JINISING TEMBANG SALEBETING KAWRUH TEMBANG JAWA

Tembung tembang ingkang saklajengipun dipunkramakaken sekar, salebetingkawruh kabudayan Jawa punika nggadhahi teges tetembungan ingkang rinoncé lan pinathok, wujudipun tembang – tembang punika taksih kalebet tembang Jawa klasikingkang taksih ngginakaken paugeran guru gatra, guru wilangan, punapadénégurulagu, tembang – tembang punika kadosta :

1. Tembang gedhé utawi sekar ageng, tuladhanipun :
• Kusumastuti
• Citramengeng
• Tepi Kawuri
• Kumudasmara
• Pamularsih

2. Tembang tengahan utawi sekar tengahan ugi winastan sekar dhagelan,tuladhanipun :
• Wirangrong
• Pranasmara
• Balabak
• Palugon
•  Juru Demung
• pangajabsih
3. Tembang cilik utawi sekar macapat, tuladhanipun :
§  Pocung
§  Gambuh
§   Durma
§  Miji
§  Sinom
§  Pangkur
§  Kinanthi
§  Asmaradana
§  Dhandhanggula
§  Mengatruh
4. Tembang dolanan, tuladhanipun :
§  Gundhul – gundhul pacul
§  Sluku – sluku bathok
§  Ménthog – ménthog
§  Ilir – ilir

Sakpérangan tembang – tembang ing nginggil kalawau kalebet tembang Jawa klasikingkang larasipun taksih manut kaliyan pakem titi laras gamelan Jawa, laras Sléndro punapadéné laras Pélog. Bab punika nggadhahi teges bilih swantening wiraswara utawiwaranggana kedah nglarasaken kaliyan tintinganing gamelan. Wondéné tembang Campursari lan tembang Jawa sanèsipun ingkang kacampuran kaliyan piranti musikmodern adatipun tintingan titi larasipun gumantung kaliyan swantening wiraswara utawi waranggananipun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar