Kamis, 12 Desember 2013

Ukara Camboran



v    Ukara Camboran/rangkep yaiku ukara kang isine andharan rangkep.dumadi saka manunggale ukara lamba loro utawa luwih, siji-lansijine iseh madeg dhewe-dhewe sarta isining ukaramau iseh ana gandheng senenge.
1.      Ukara camboran sedrajad (kalimat majemuk setara)
Ukara camboran sedrajad yaiku ukara kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang siji-sijine ukara mau isih medheg dhewe-dhewe serta surasaning ukara-ukara mau ana gandheng cenenge. Manunggaling ukara-ukara mau sarana dijejerake dene manut panjejere.
a.       Sarana tembung pangiket kang samurwat : lan, karo, dene.
Tuladha :
v  Anjas ditampa ing SMA [lamba]
v  Anto munggah kelas 3 SMP [lamba]
→ Anjas ditampa ing SMA dene Anto munggah kelas 3 SMP.
b.      Sarana tembung pangiket kang mratelakake kosok balen.
Tuladha :
v  Budi iku bocah pinter
v  Adhine bodhone ngepol
→Budi iku bocah pinter nanging Adhine bodhone ngepol.
c.       Sarana tembung pangiket kang mratelakake sebab musabab.
Tuladha :
v  Sikilku keseleo
v  Aku ora mlebu sekolah
→ Sikilku keseleo mulane Aku ora mlebu sekolah.
2.    Ukara camboran raketan [kalimat majemuk rapatan]
Ukara camboran raketan yaiku ukara kang salah sijine saka paraganing ukarakang padha mung dikandhakake sepisan.
Ukara camboran raketan dadi 4 yaiku :
1)      Raketan jejer
Tuladha : - Siti adus
v  Siti sarapan
→ Siti adus banjur sarapan
2)      Raketan wasesa
Tuladha : - Umi ngresiki paturone
v  Adhine ngresiki jogane
v  Mbakyune ngresiki jogane
→ Umi ngresiki paturone, Adhine ngresiki jogane, Mbakyune ngresiki jogane.
3)      Raketan lesan
Tuladha : - Ibu mundhut pelem
v  Aku ngonceki pelem
→ Ibu mundhut pelem, Aku sing ngonceki.


4)      Raketan katrangan
Tuladha : - Bapak tindhak Jakarta nitih Pesawat
v  Ibu tindhak Jakarta nitih sepur.
→Bapak tindhak Jakarta nitih Pesawat, dene Ibu tindhak Jakarta nitih sepur.
3.      Ukara Camboran susun kalimat majemuk bertingkat.
Ukara Cambora yaiku ukara kang salah sijine saka perangane wujud ukara dadi wujuding ukara mau bisa jejere, wasesane, lesane, utawa katrangane. Ngganti salah saka perangane ukara mau diarani Gatra.
Gatra dibedakaken dadi 4 yaiku :
1)        Gatra jejer
Tuladha : - Ibu mundhut roti
→ Priyayi sing nglairake aku mundhut roti.
2)        Gatra wasesa
Tuladha : - Pakdhe sopir
→ Pakdhe klakoke montor.
3)        Gatra lesan
Tuladha : - Satriyo ndandani televisi
→ Satriyo ndandani piranti elektronika.
4)        Gatra katrangan
Tuladha : - Bapak tindhak menyang mancanegara
→ Bapak tindhak menyang Amerika.

4 komentar:

  1. matur nuwun pikantuk wewahan seserepan

    BalasHapus
  2. Wah sêratanipun sae sangêd. Manawi krêsa, kula aturi dhatêng blog-blog kula. Kula nembe ngupadosakêm basa Jawi kagêm kahanan kalihan tiyang saniki. Manawi ngrêsakakên sagêd ngirimakên layang inthêrnet marang kula kagêm jangkêpanipun. Matur nuwun. 🙂

    https://bausastrainggrisjawi.blogspot.com/?m=1

    Blog-blog sanesipun sagêd kapunpirsani manawi dipundudul profil blog.. Matur nuwun

    BalasHapus