Minggu, 08 Desember 2013

geguritan



Sapa bocah bagus kae?


Ati iki ora bisa ngapusi

Anggen babagan katresnan

Isuk, awan, wengi tansaya abot neng ati

Sapa bocah bagus kae?

Saben dinane adan ing masjid kene

Swara kang bisa gawe manungsa nyembah ing murbeng dumadi.

Sapa bocah bagus kae?

Saben dinane ngaji ing mesjid kene

Swara kang bisa ndadekake ati iki tentrem

Sapa bocah bagus kae?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar